losbanditos99Avatar border
TS
losbanditos99
Bocah Jaman Old
Jamanku Gemiyen

Misi sedulur, numpang exsis sekalian njajal gawe tread 😁 gara gara keponakane nyilih hp bae gal dina go dolanan game, nyong dadi kemutan jamane tesih cilik gemiyen lurr. Nyong termasuk generasi sing ngalami perubahan teknologi hiburan karo perubahan jaman sing cepet, Sekang lampu minyak senthir, petromak sekaligus lampu listrik bohlam led. Apabae liane? cekidot lurrr


~Jaman sing paling beruntung menangi jaman perubahan neng usia tesih bregas.

~Jaman sing pada sehat awake dolanane lompat tinggi, lompat jauh gobak sodor, jonjang, playon, kasti dll.

~Jaman sing duwe hiburan ngobor jangkrik, ngobor welut, jontrot manuk, nyeser iwak neng kali.

~Jaman sing ndue geng tapi nek ngumpul ora kudu nganggo HP go sms janjian takon posisi. OTW langsung pinggir dalan pokoke otomatis ngumpul, nek wis kumpul gari guyonan glewehan, cekakak cekikik karo meeting arep pada ngapa maring ngendi dolanan apa...

~Jaman sing menangi ramene suara mesin ketik neng sekolahan, jentike lincah gole ngetik tetep lincah ngasi siki ngetik neng Hp.

~Jaman sing ngrungokna musik neng kaset kadang musike direkam pitane pating kruwel.

~Jaman sing terenyuh nek ngrungokna radio, pas acara sandiwara, drama, dll.

~Jaman sing menangi dalanan dibangun tesih pada sepi ngasi menangi dalane pada semrawut macet tur gemrungsung...

~Jaman sing biasa mlaku puluhan kilo ora duwe rasa wedi utawa khawatir mbok dirampok neng ndalan.

~Jaman bocah sing tesih pada manut maring wong tua, walau kadang umpet-umpetan.. nek diomongi dirungokna dimat matna..

~Jaman sing deg- degan nek nunggu arep dipoto mbok matane kedip, durung ana photoshop, apa maning kamera HP 360, Beauty Camera sing bisa moto tampange ntlungsumi, bisa gaya sekarepe dewek, nek hasile elek tur wagu bisa di edit tapi jaman semono hasile elek ya tetep ikhlas menerima....

*Jempole sing duwur nggo Generasi sing pada ngalami lurd, Berbahagialah Wahai Generasi Emas... Dudu generasi terbaik tapi Generasi Sing Limited Edition....










0
3K
31
GuestAvatar border
Guest
Tulis komentar menarik atau mention replykgpt untuk ngobrol seru
Urutan
Terbaru
Terlama
GuestAvatar border
Guest
Tulis komentar menarik atau mention replykgpt untuk ngobrol seru
Komunitas Pilihan